ida's posts with tag: bayan semun series

What are tags? You can give your posts a "tag", which is like a keyword. Tags help you find content which has something in common. You can assign as many tags as you wish to each post.
View posts by people in your network with tag bayan semun series
Blog EntryBayan Semun dadi Guru MadrasahSep 11, '07 5:06 AM
for everyone

Sak durunge njabat Bayan, Kang Semun nate dadi Guru Madrasah nang
Sewulan. Ngajarno Tareh Islam karo nulis Arab. Saking pintere crito,
kelas Tareh Islam muride pepak, gak ono sing mbolos, murid klas 1
sampe klas 5 umpel - umpelan, anteng ngrungokno dongeng Kang Semun,
ben muride tambah seneng karo Kang Semun digawekno ilustrasine nang
papan tulis. gambar unto, kurmo, gunung, lan liyo liyane. Mangkane
Kang Semun dadi Guru favorit. Kang Semun isih ngupas klopo wis podo
njemput.

" Sek to le, Yu Semun arep nggawe kolak...tunggu wae nang Madrasah
yo.."

" Enggih Pak...kedah rawuh lho..."

Kang Semun paling pinter nyenengne ati bocah - bocah, nilai tulisan
Arab songo kabeh, gak ono sing wolu utowo pitu.....masiyo tulisane
koyok ceker pitik..tetep wae .....bijine songo.

Cuma Kang Semun paling gak gelem mulang yen udan, asal mulai
mendung ..wis Kang Semun lenggah nang teras omahe...yen ono bocah
budal sekolah Madrasah karo Kang Semun dipenging.

" Prei le dino iki...udan ....muliho wae..."

Sidane Pak Guru liyane bingung..kelase cuma separo....podo nangdi
bocah kulon sekolah kok gak ono sing mlebu. La kok kompak
banget....ra ngertio sing ngisruh Kang Semun.

===============================

in memoriam of Mr. Amrin Suyuti

 


© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help

Template design Copyright © 2005 Remi Prevost Some rights reserved.